Sabtu, 26 November 2016



SEKOLAH ANYAR
Celuk wae aku Mawar. Sakwise SMP  mesti banjur SMA, lulus saka SMP nggawe aku kudu golek sekolah kanggo nglanjutake pamulangan menyang jenjang sing luwih duwur yaiku SMA. Pada kaya dhisik pas aku SMP aku ora mikirke bakal mendaftar  sekolah menyang ngendi. Aku mung gawesiji keputusan yen aku bakal sekolah ing SMA Nusantara. Ning ati mung wayah kuwi wes mantep pengen sekolah menyang kunu .Aku  ora mikir opo aku bakal ditrimo sekolah ing kunu opa ditolak amargi sekolah iku kalebu sekolah favorit ing daerahku.Banjur aku takon kancaku,Nita arep sekolah ing endi.
“ Nit kowe mari SMP arep sekolah ing endi ?”takonku.
“Aku pengen sekolah menyang SMA Nusantara iku loh war “ jawabe nita.
“loh aku yo pengen sekolah img kunu , iku sekolah bagus iku,sekolah favorit !”
“yok opo le kayo daftar bareng wae war ,ben iso bareng ?” takone nita
“iyo aku gelem “jawabku
Banjur aku daftar sekolah SMA Nusantara bareng Nita. Aku lan Nita kedadeyan ngalahake saingan liyane wektu tes melbu. Aku ora percoyo yen iso melbu ing sekolah iku amargi nilaiku sing ora bagus bagus banget tapi syukur Alhamdulillah yen ku iso ditrimo bareng kancaku.
Aku lan Nita seprana seprene pancen wes niat arep melbu ing sekolah anyar iki amarga cedhak ing omahku.Sekolah iki nduweni gedung sing becik ketimbang sekolah liya ,fasilitas sing lengkap, lan terkenal yen siswa siswine iku pinter lan cerdas.
Sakwise wes resmi dadi siswa SMA banjur diadepake kegiyatan sing jenenge MOS utawa Masa Orientasi Siswa.  Kegiyatan iki cukup apik amarga gawe siswaarep kenal marang senior- seniore lan kanca- kanca liyane sing melbui ing SMA iki.
Saksuwene melu kegiyatan iki, aku lan Nita serius banget lan meloni dawuhe kakak-kakak kelas. Kakak-kakak kelas sing dak kiro galak ternyata luwih asik lan becik. Ing dina akhir MOS kuwi,kakak-kakak kelas podo nggawe demo ekstrakurikuler. Kabeh dikongkon  milih ekstrakurikuler sing disediakake ing sekolah iki. akeh banget kegiyatan sing wis dicawisake neng SMA iki. Kabeh kudu wajib milih siji kegiyatan lan oleh luweh, tapi senajan akehe ekstrakurikuler kuwi aku mung tertarik karo ekstra paduan suara. Banjur aku takon nita ing jejerku sing nggatekake kakak kelas demo ekstra kuwi.
‘’Nit ko arep melu kegiyatan opo ? “ noleh neng nita.
“ aku bingung war arep milih kegiyatan opo, padahal kudu wajib milih siji kegiyatan sing dikarepi “ ( nita ngukur ndase  sing gak gatel)
“ loh la awakmu iki piye toh nit ket mau nggatekake kok isih bingung wae toh ?” jawabku
“ kowe melu opo kegiyatan opo toh war  ?” takone nita
“ yen aku melu paduan suara wae , kegiyatane ora abot banget “
“ yen ngunu aku yo melu paduan suara wae ben iso bareng kowe war he….he….he….!”( jawabe karo cengengesan )
“ ni nita piye th koe iki kok melu-melu wae, yo wes ora opo-opo saiki ayo njupuk formulire ing kaka kelas iku mau “
Banjur aku lan nita njupuk fornulir pendaftaran paduan suara ing kakak kelas.
Saiki masa orientasi siswa wis buyar, aku lan nita wis jaga kanggo berjuang ngraih cita-cita. mugi -mugi lewat sekolah iki opo sing dikarepi biso tercapai,Aminn.

---
----SELESAI--------

Created :            ANANDA APRILIA / 04
                           MAYANG PUSPITA SARI / 20